Senin, 08 Desember 2014

Jeritan Manah
Dening : Lis Iga Rosika

Nalika tresna ora bisa digambar
Pikiran ora maneh mbutuhake nalar
Sanajan panasing bumi
Sanajan adheming langit

Prasasat banyu
Ora namung mili
Nanging mlayu
gembrojog ana ing ati

Nalika nalar wis teka
Teka ing panggonane
Teka ing pikiran
Nanging awak wus kapiran

Aku pingin nggembor
Nanging kanggo apa?
Apa iya nggembor bisa nglunturke laraning ati iki?
Sliramu namung bisa ngomong ora bisa ngerti

Rak eling nalika wayah bengi kae?
Nalika sliramu ana ning kene

Apa ora eling kangmas...
Sliramu tansah rumangsa gagah
sanyatane ora genah

kangmas...
yen sliramu terus kaya ngene
aku ora sabe
kangmas...
Perjuangke aku kaya dene aku duwekmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar