Rabu, 07 Januari 2015

11 TEMBANG MACAPAT NGENANI KONSERVASI

1.      SM Pocung laras slendro Pathet Manyura
Urip ikisa mesthine kudu udhu
Ora mung manungsa
Sing ana ing Jagad iki
Alas kewan kabeh padha butuh mangan


2.      SM Durma Suragreged, Laras slendro Pathet Sanga
Para warga nyengkuyung anandur wit witan
Supaya nambah asri
Bumi ora panas
Dimen pedhute sirna
Pedhut kang asale saka pabrik
Padhang sumilak
Gumilar katon resik


3.      SM Kinanthi Laras Pelog Pathet Barang
Banget senenge atiku
Kala weruh banyu kali
Rasane anggawe bungah
Saya nentremake ati
Konservasi ning lingkungan
Bumine dadi aman


4.      SM Asmaradana – Jakalola Laras Pelog Pathet Barang
Lamun bisa sami njagi
Karesikane lingkungan
Asri endah panyawange
Seger waras padha sehat
Bisa marakake mulya
Apa maneh warga rukun
Bisa nambahi santosa


5.      SM Gambuh Natakusuman Laras Pelog Pathet Nem
Ayo padha nyengkuyung
Kampungku kang subur
Yen wis subur, gawe tentrem ati iki
Luwih becik yen nyengkuyung
Padha ngarsa santoso



6.      SM Mijil Laras Pelog Pathet Nem
Mirengake kemricike kali,
Reged saya katon
Ora endah panyawange dhewe
Mula ayo kanca padha njagi
Resike loh iki
Kang dadi nyawamu


7.      SM Pangkur, Laras Slendro Pathet Sanga
Gugur gunung kampung kita
Ora nyawang Tua enom putra lan putri
Kita kudu gugur gunung
Brayan seneng lan susah
Ojo sapenake dhewe thengak thenguk
Supaya asri lan endah
Njaga kampung sami sami


8.      SM Sinom Laras Pelog Pathet Barang
Sinom Jamane wis saya tuwa
Kita kudu gelem njagi
Supaya tambah sentosa
Banyu alas tuwin bumi
Kanggo cagaking urip
Tumraping anak putu
Sumrambah para warga
Kabeh bisa anemoni
Kabagian lahir lan batin ing donya


9.      SM Megatruh Laras Pelog Pathet Barang
Ayo kanca, nandur uwit, kanthi tukul
Kanggo nglangsungake urip
Karo waris anak putu
Ayo kanca padha njagi
Dimen alas dadi katon


10.  SM Dhandhanggula Maskentar (Subasiti) Laras Slendro Pathet Sanga
Kumriciking banyu banyu kali
Agawe renaning kang miyarsa
Muga bisa salawase
Kalis rereged uwuh
Uga saka limbahe pabrik
Iwak iwak sesliweran
Merga seneng ing kalbu
Panggonane gilar gilar
Adoh kalis ing sabarang penyakit
Banyune kimplah kimplah


11.  SM Maskumambang Laras Pelog Pathet Nem
Konservasi, ora namung nandur uwit
Resike lingkungan
Becik gawe moncer Bumi

Elingo yo podho konco

Dening : Lis Iga Rosika & Bp. Sukri, S.Pd

Tidak ada komentar:

Posting Komentar